Dapat dolar gratiss.. tak kasih tau carane yo

Sabtu, 11 Agustus 2012

nasip negeri PNS

Monggo Bapak/Ibuk, sedelo maneh pendaftaran CPNS dibuka, monggo dipun siapaken 'uang sogokan' kagem gampangake dalan manjing wonten suwarga dunya, sanajan punika nista lan ina. Hananging amengeti kahanan zaman edan, ingkang edan mawon boten
 keduman, kedah langkung dening edan (super edan), punika dalil ingkang dipun ugemi tumprap urip bebrayan ing zaman sakmenika. Monggo dipun siapaken: sertifikat, sapi, tanah warisan dipun ijolaken SK PNS ingkang langkung minulya saking punapa mawon. Boten sah ngangge isen punika sampun jamak-lumrah, sakderengipun MUI ngedalaken fatwa haram dateng ihwal punika. boten sah sungkan, punika sampun dados pemahaman dening akathah. Mugi jenengan enggal-enggal cumawis dados sebabipun bubrah lan risak ipun pranata praja ing negri punika.Monggo